Minggu, 14 Oktober 2018

Sesorah Kelompok 1: Isra' Mi'raj
Anggota      : Aditya Naufal A
                    Aulia Syafira
                    Ani Maryani
                    Deni Setiawan
                    Dian Safitri

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Ingkan kanurmatan Bapak Kepala Sekolah
Ingkang Kanurmatan Bpk/Ibu Guru lan rencang-rencang
Para hadirin sedoyo ingkang kula hormati
Kula aturaken matur nuwun sanget kagem sedaya ingkang sampun dateng ing acara isra’ mi’raj nabi Muhammad SAW. Sederengipun monggo kita ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT. Sebab kanti nikmat lan rahmatipun kita sedaya saget kumpul dateng acara mriki.
Para hadirin ingkang mulya, kita umat islam sampun wajar mengertos dumateng junjungan kita nabi Agung Muhammad SAW, sing nglaksanake Isra’ Mi’raj, Isra’ mi’raj punika ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng nabi Muhammad Saw. ngawontenaken isra’, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggalipun khewan ingkang sampun dipun cawisaken dening Allah SWT. Kanjeng nabi mi’raj punika minggah dateng langit, saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sidratul Muntaha. Sidratul Muntaha punika langit ke-pitu.

Kawulo ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isra’ lan mi’raj menika bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam. Cekap sementen sesorah saking kula bila wonten kalepetan kula nyuwn ngapunten

Wabilahitofiq wal hiadayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb